
Lumprahing susila ing tatane
Ilang kairing mutering bumi
Nalika manungsa jero ing pikirane
Tindak tanduk dilalikake
Angkara murka diendahake
Nglakukna becik disalahake
Gumantung bendha, kuasa ing tangane
Apa ana manungsa Jaman Saiki
Yen nulungi ora ngetung Bathi
Umpama nggolet emas ing gunung wedhi
Sugih elmu ora bagi-bagi
Ana susah tembe nggoleti
Pungkasane urip ing mburi wesi
Umur tua tembe nyadari
Tansah nyuwun ridhone Gusti
Rumangsa ganu sering lali
Ibarat sentir kelangan geni
Lintang Ayu Saputri
Purwokerto, Mei 2014
Komentar
Posting Komentar
Aku tunggu komentarnya ya!